Banner
Login Member
Username:
Password :
Jajak Pendapat
Bermanfaatkah Website sekolah bagi anda
Ragu-ragu
Tidak
Ya
  Lihat
Bagaimana menurut Anda tentang tampilan website ini ?
Bagus
Cukup
Kurang
  Lihat
Statistik

Total Hits : 410004
Pengunjung : 105202
Hari ini : 25
Hits hari ini : 285
Member Online : 293
IP : 216.73.216.36
Proxy : -
Browser : Gecko Mozilla
:: Kontak Admin ::

ppws_online    Suliadjauhariana
Agenda
26 October 2025
M
S
S
R
K
J
S
28
29
30
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
1
2
3
4
5
6
7
8

Basa Jawa ing Sekolah

Tanggal : 02/07/2018, 11:12:55, dibaca 265 kali.

Basa dhaerah ing taun iki saya suwe saya ilang. Kamangka basa dhaerah, uatamane basa Jawa kang digunakake dening bebrayan Mojokerto iku kebak unggah-ungguh uga tata krama. Tuladhane yen karo wong luwih tuwa nggunakake basa Jawa krama, dene yen karo sapepadhane (kancane dhewe) nganggo basa ngoko. Yen basa krama ora diugemi bakal ndadekake rusake moral para panerus bangsa. Kahanan kasebut bisa dideleng ing jaman saiki. Kabukten saya akeh para mudha kang ilang tata kramane saengga ora nduweni isin lan wani karo wong tuwa.


Adhedhasar kedadeyan kasebut dhinas pendhidhikan Mojokerto ngetrapake dina khusus supaya para warga sekolah nggunakake basa Jawa. Salah sawijine sekolah kang ngetrapake basa Jawa yaiku SMPN 1 Sooko. Salah sawijine sekolah kang milih dina rebo minangka dina kanggo cecaturan kang nggunakake basa Jawa. Kanthi aturan kasebut kaajab siswa bisa luwih ngugemi unggah ungguh lan tata krama lumatar basa Jawa.


Saben dina rebo kabeh kulawarga SMPN 1 Sooko padha nggunakake basa Jawa. Ora mung siswa kang cecaturan nganggo basa Jawa, nanging para guru uga staf TU nggunakake basa dhaerah kasebut. Saben pasinaon uga nggunakake basa Jawa kajaba nalika pasinaon basa Inggris lan Indonesia kang ora diwajibake. Ora mung pasinaon lan nalika cecaturan basa kasebut digunakake, nanging nalika apel para guru uga staf nggunakake basa Jawa. (snisfi18 & hayya_sis)



Kembali ke Atas


Berita Lainnya :
 Silahkan Isi Komentar dari tulisan berita diatas
Nama
E-mail
Komentar

Kode Verifikasi
                

Komentar :


   Kembali ke Atas